Nirmala (Feat. Shinta Narulita)
Arya Galih
6:17Sumribid angin ratri tansah hangantheni Setya nrajang telenging ati Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi Tansah angranti tekamu duh kang mas Wong bagus age nyedhak a ning sandhingku Nuawang manising esemu Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku Haywa pegat tresnamu sayangku Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan Tresnaku mring sliramu sayang Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang Yekti sliramu kang dadi lamunan Wong bagus age nyedak a ngekep ragaku Sirnakna lara branta ning atiku Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan Tresnaku mring sliramu sayang Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang Yekti sliramu kang dadi lamunan Pindha ah ah pasang kang tanpa wangenan Tresnaku mring sliramu sayang Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang Yekti sliramu kang dadi lamunan Yekti sliramu kang dadi lamunan